Hidup itu penuh perjuangan!

Materi Basa Rinengga

Materi Basa Rinengga

MATERI :

BASA RINENGGA

      Basa jawa iku sugih basa rinengga, awujud wedharing gagasan lesan utawa tulisan kang karengga-rengga, ditulis amrih katon endah. Jinise basa rinengga iku akeh mula ora kabeh basa rinengga diwulangake ing piwulang iki.
Basa  rinengga lumrahe dienggo ing buku-buku sastra, tembang, geguritan, ing wayang purwa, wayang wong, kethoprak lsp. Malah wektu iki akeh wong padha nggilut basa rinengga ing kursus-kursus sesorah utawa pranatacara. Basa rinengga bisa uga awujud tembung saroja, tembung entar, tembung garba.
Carane macak utawa majang basa rinengga kang wigati ana werna loro
1.    Migunakake  undha usuke basa kang baku, jangkep, kang akeh nganggo basa  krama alus.
2.    Milih tembung-tembung kang dirasa luwih endah,kayata :
a.    Tembung baku dudu tembung pacelathon
b.    Tembung basa jawa deles, dudu tembung saka basa manca.
c.    Tembung sopan dudu tembung lugu.
d.    Tembung andhahan kang rimbage karasa endah.
e.    Migunakake tembung-tembung kawi

      Katrangan ing dhuwur kena dipepantes kanthi prasaja yaiku :
1.    Amarga basa rinengga migatekake undha usuk lan tembung-tembung kang  baku.  Ateges akeh pambiyantune tumrap panganggone undha usuk,  basa kang  endah lan prayoga.
2.    Amarga basane endah basa rinengga katulis utawa lesan padha disenengi wong  akeh. Sabanjure wong-wong ora mung seneng marang endahing basa nanging uga seneng marang undha usuke basa.

Tembung Saroja  : tembung loro  utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan sing gunane kanggo mbangetake surasane.
Tuladhane  :  Raden Janaka iku watake andhap asor
Tembung andhap padha karo tembung asor kang tegese endhek utawa  sopan
Tembung  Entar  : tembung kang tegese ora sawantahe / ora salugune.
Tuladhane   :  Tugina dadi bocah sing lunyu ilate mula kancane ora ana sing seneng
                       Tembung lunyu ilate tegese  gunemane mencla-mencle.
Tembung Garba  : Tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi  siji sarana nyuda  
                               cacahe wandane. 
Tuladhane    :  Satriyatama saka tembung satriya + utama
                        Aneng         saka tembung  ana + ing
Tuladha basa rinengga :
  1. Basa rinengga kanggo murwakani mangayubagya para tamu.
Tuladhane :
Para rawuh ingkang minulya saha dahat kinurmatan, para pinisepuh pepundhen ingkang pantes sinudarsana, para pangembate praja ingkang tuhu luhure budi, para manggalaning ngayuda ingkang hambeg mahambara, tuwin sagung para tamu kakung miwah putri, keparenga kawula sowan ing ngarsa panjenengan sami, minangka talanging atur panjenenganipun Bapak Natadiarjo anggenipun kagungan kersa....

  1. Basa rinengga kanggo ing tembang

Mijil
Dedalane guna lawan yekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumung kula yen dipun dukani
Bopang den simpangi
  1. Ana catur mungkurBasa rinengga kanggo ing wayang
     
BATHARA CAKRA SEKRETARIS KAHYANGAN
KANG DITITISI NURUNAKE RAJA-RAJA TANAH JAWA
Ana sawijining dewa kang duwe tugas gedhe tur penting ing kahyangan yakuwi Bathara Cakra. Bathara Cakra kalebu dewa pinter lan teliti, mula Bathara Guru menehi tugas penting dadi juru tulise para dewa. Saben ana prentah lan keputusan-keputusan penting kang dumadi jroning rapat para dewa dicathet kanthi permati dening Bathara Cakra ana ing kitab kadewatan.
Bathara Guru uga maringi tugas penting liyane yakuwi nurunake wahyu lan jimat marang manungsa ana ngarca pada. Ing antarane nurunake jamus kalimasada marang puntadewa Bathara Guru uga nate mercaya Bathara Cakra paring wejangan marang Begawan Sutikna kang mapan ing gunung kutarunggu. Ngenani ilmu tata praja lan kaprajuritan………….
  1. Basa rinengga kanggo ing geguritan

Coban Randha
Kumricike tirta rinungu saka kadohan
Lelagon peksi nambahi endahing swasana
Sumilire bayu rumesep ing raga
Adhem atis kang rinasa
Saya cedhak saya rinungu gumrojoge tirta
Ndadekake ingsun kepengin rana
Andeleng wujud nyata sapa sira
Kang bisa narik kawigaten kula

Netra tan kedhep ndeleng wujud nira
Kang jumeneng gagah prakoso
Wit-witan ngupengi sira
 Kaya-kaya arep ngranggeh akasa
PARIBASAN,BEBASAN,SALOKA
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu teges entar,tetembunge wantah ora ngemu surasa,upama utawa pepindhan(emper-emperan).
Tuladha :
·         Alon-alon waton kelakon
Tegese  Sembarang pegawean yen dilakoni ati-ati mesthi kasile apik
·         Anak polah bapak kepradhah
Tegese  Wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing anak
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane ngemu surasa pepindhan, mawa teges entar . Dene sing dipindhakake utawa diemperne yaiku kahanan,sipat utawa tingkah lakune.
Tuladha :
·         Bathok bolu isi madu
Tegese Wong asor nanging sugih kapinteran
·         Jarit luwas ing sampiran
Tegese wong duwe kapinteran nanging ora digunakake

Saloka yaiku  unen –unen kang ajeg panggonane ,ora kena owah lan ora kena diganti tetembunge sarta ngemu surasa pepindhan. Dene kang dipindhakake wonge,watake utawa sipate. Biasane nganggo tembung kewan.
Tuladha :
·         Iwak klebu ing wuwu
Tegese kena apus sarana gampang banget
·         Asu arebut balung

Tegese padu rebutan barang sepele

Assalamualaikum
Monggo :D